Rabu, 06 Januari 2010

Lakon Wayang

LAKON WAYANG

Lakon wayang dibagi loro, yakuwe lakon balungan karo lakon jangkep.Lakon wayang yakuwe lampahan crita wayang.
  1. Lakon Balungan
Lakon balungan kuwe crita wayang sing isine intine crita. Upamane lampahan lakon Wahyu Cakraningrat. adegan jejer neng negara Ngastina, Prabu Duryudana diadhep Patih sengkuni, Pandita Drona, Raden Dursasana, lan Adipati Karna ngrembug tibane wahyu keprabon, Wahyu Cakraningrat. Prabu Duryudana takon panemune Patih Sengkuni, Guru Drona lan kabeh sing seba neng kedhaton......lan sapiturute.

2. Lakon Jangkep

Lakon jangkep kuwe crita wayang sing kumplit, pepek njupek. ana suluke, ana gendhinge, ana antawecanane, lan lampahan liyane sing kudu dilakokna neng dhalange.

Lampahan utawa adegan sing ana nang wayang urut-urutane yakuwe:

1. jejer : jejer neng negara ngendi, biasane sing dinggo jejer pisanan kuwe negara Ngastina, Dwarawati, Amarta (neng crita bharatayudha). sing dirembug yakuwe apa sing bakal di goleti utawa intine lakon pisanan diomongna nang jejer kiye.
2. kedhatonan: sabubare jejer ratune negara mau bali mlebu maring kedhaton (umah pribadi) neng kono terus omong-omongan karo bojone prameswari, dikancani karo emban loro limbuk lan cangik. banjur ana adegan limbukan utawa hiburan.
3. paseban jawi : wong-wong sing bubar seba ngadhep ratune padha metu rembugan neng pendhapa njaba, ngrembug lungane lan sapa bae sing bakal lunga nindakna kewajibane, upamane golet wahyu cakraningrat.
4. jejer sabrangan: jejer neng negara sing dadi lawane negara neng jejer pisanan, ngrembug masalah sing padha karo masalahneng nomer 1.
5. prang gagal: prang gagal utawa perang gagal kuwe perange negara nang no 1 karo negara neng no 4. ning neng perang kiye ora ana sing menang utawa kalah, bisa diomongna seri. prajurite negara negara mau banjur padha mundur.
6. jejer pandhita: satriya sing mau padha bubar perang mlayu dhewek-dhewek banjur lunga mandhita utawa maring gone pertapan gurune dhewek.
7. gara-gara: adegan gara-gara kuwe adegane punakawan sing lagi padha ngrembug sing lagi dilakoni neng bendarane. biasane neng adegan gara-gara kiye diselingi penyuluhan utawa hiburan lan guyonan.
8. prang kembang: prang kembang kiye perang antarane negara neng no 1 lan negara sing neng no 4. perang kiye nembe ana kasile. sing menang mesthi bae sing bener, nek crita baratayudha ya sing menang bala pandhawa, nek crita ramayana sing menang balane rama.
9. tancep kayon: kayon kuwe gunungan, lakon wayang sing wis rampung dipentasna mesthi ditutup nganggo gunungan sing tanjebna maring debog neng tengah-tengah. sedurunge kayone ditancepna ana golek sing di ibingna, tegese supaya sing nonton kon goleti dhewek apa pesene.

Kamis, 10 Desember 2009

Unggah-Ungguh Basa

Bab V
Unggah Ungguh Basa

A. Katrangan:
Basa Jawi menika pepak sanget, ngantos tiyang manca
manawi badhé nyinau basa Jawi asring rumaos kewalahan,
amargi saking kathahing dasanama utawi sinonim tembung Jawi,

caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur
umuranipun utawi derajatipun lan malih pancèn wonten
tembungtembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten
utawi boten matis.
Upaminipun tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun):
maem, dahar, madhang, malah taksih kathah panganggènipun
ing basa kasar.
Antawisipun laré kaliyan nèm-nèman sampun boten cak -
cakanipun, semanten ugi antawisipun nèm-nèman kaliyan
tiyang sepuh lan sapanunggilanipun.
Lan malih asring wonten tembung Jawi ingkang ing basa
sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi) upaminipun
tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan
sapanunggilanipun.
Manawi dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah
sanget éwah-éwahipun, margi saking pepaking ater-ater
(awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika badhé
katerangaken ing wingking.
Déné unggah ungguhing basa inggih punika caranipun
ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak
gineman.

B. Unggah ungguhing Basa.
1. Basa Ngoko.
Basa ngoko, kapérang:
a. Ngoko Lugu,
wujudipun tembung tembungipun ngoko sadaya.
dipun ginakaken.
1. Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2. Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
3. Manawi pinuju ngunandika.
4. Wonten ing buku buku karangan (wucalan).

b. Ngoko Andhap Antya Basa,
wujudipun: ngoko, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging
langkung inggil derajatipun.
2. Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
- Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut
bakal klambi?
c. Ngoko Andhap Basa Antya,
wujudipun: Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.
dipun ginakaken: antya - basa.
Tuladha:
- Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak,
la kaé lagi maos buku.
2. Basa Madya:
Basa madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten
nggatosaken basa ingkang saé, racakipun tiyang padhusunan
utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha Basa Madya:
- nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun,
samang dika,
lsp.
Basa Madya Kapérang:
a. Madya Ngoko,
wujudipun ngoko, madya.
Tuladha:
- Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada
murah.
b. Madya - Krama,
wujudipun: Madya kaliyan krama.
Tuladha:
- Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten
kok diwastani awon.
c. Madya Antara,
wujudipun: Madya krama, krama inggil.
dipun ginakaken:
1. Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging
mimpang drajad.
2. Garwa priyantun.
3. Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha:
- Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani
bioskop, nèk kersa ngga kula dèrèkaken.
3. Basa Krama,
Basa Krama kapérang:
a. Kramantara,
wujudipun krama thok krama lagu.
dipun ginakaken:
1. Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2. Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha:
- Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg
mlampah mlampah wonten sapinggiring lèpèn,

lsp.
b. Muda Krama,
wujudipun: Krama lan krama inggil.
Basa Muda krama basa ingkang saé lan alus piyambak.
Ingkang ngginakaken:
1. Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2. Murid dhateng gurunipun.
3. Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha:
- Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur
kaliyan bapak, manawi bapak guru bénjing dinten
Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak.
c. Krama Inggil,
wujudipun: Muda krama, namung tembung:
mu- dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan
dalem.
dipun ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha:
- Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi
anakipun dalem saweg sakit.
d. Wreda krama,
wujudipun: krama nanging ater ater lan panambang boten
dipun kramakaken.
Tuladha:
- Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika
kula enggènané.
"di", "é", "aké" boten dipun kramakaken.
e. Krama désa,
Krama désa punika basanipun mesthinipun boten wonten
kramanipun kapeksa dipun kramakaken, wonten malih
mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking kirang
maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
- jaran, kramanipun kapal dados kepel.
- dhuwit,
kramanipun arta dados yatra
- tuwa,
kramanipun sepuh dados sepah
- belo,
kramanipun dados belet
- dhelé,
kramanipun dados dhekeman
- Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn
4. Basa Kedhaton,
Basa kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton
manawi pinuju gineman kaliyan ratu.
Tuladha:
- manira = aku
- pakènira = kowé
- enggah = inggih
- darbé = duwé
- boya = ora
- besaos = bae
5. Basa Kasar,
Basa kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang
saweg nepsu, lsp.
Pokokipun boten sekéca manawi dipun mirengaken.
mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.

Cathetan:
Andharan ing nginggil punika prasasat kantun dados téori,
kirang praktis.
Mila limrahipun kaum guru namung mlètèr murid murid mawi
basa krama ingkang mèh mesthi kanggénipun: Muda krama.

C. Ngulinakaken Nggladi Basa,
Ngèngeti ing jaman samangké kathah para muda ingkang
sampun ical tata kramanipun saha unggah ungguhipun,
langkung langkung bab anggènipun ngginakaken basa krama
kados kados kathah ingkang risak boten kanten kantenan.
Umpaminipun, laré nèm dhateng tiyang sepuh, murid dhateng
gurunipun langkung langkung para nèm nèman dhateng para
nèm nèman sanèsipun.
Racakipun anggènipun ngetrapaken basa klèntu lan ing ngrika
ngriki taksih campur bawur kaliyan basa Indonesia,
kamangka mesthinipun kita punika saged nglairaken gagasan
utawi pikiran sarana tembung tembung basa Jawi ingkang
murni.
Pramila kanggé ngudi basa ingkang saé kita saged
ngulinakaken nganggé basa ingkang saé ing saben saben
wekdal, wonten ing bebrayan ngagesang.
Para putra nèm nèman saha ingkang taksih alit sageda dipun
tuntun, dipun gladi nganggé basa ingkang saé wonten ing
nggriya utawi sadéngah panggènan.
Kanggé ngulinakaken para putra ing ngriki perlu dipun sukani
latihan latihan sageda kanggé apalan.

kapethik saking : Ki Demang Sokowaten

Minggu, 15 November 2009

tugas individu kelas X

kadamela bausastra dasanama min 120 makna. dikumpulaken dijilid 1 kelas telat-telate tanggal 1 desember 2009

Selasa, 20 Oktober 2009

sapa ikut

aku mo plesir, sapa ikut...