Rabu, 06 Januari 2010

Lakon Wayang

LAKON WAYANG

Lakon wayang dibagi loro, yakuwe lakon balungan karo lakon jangkep.Lakon wayang yakuwe lampahan crita wayang.
  1. Lakon Balungan
Lakon balungan kuwe crita wayang sing isine intine crita. Upamane lampahan lakon Wahyu Cakraningrat. adegan jejer neng negara Ngastina, Prabu Duryudana diadhep Patih sengkuni, Pandita Drona, Raden Dursasana, lan Adipati Karna ngrembug tibane wahyu keprabon, Wahyu Cakraningrat. Prabu Duryudana takon panemune Patih Sengkuni, Guru Drona lan kabeh sing seba neng kedhaton......lan sapiturute.

2. Lakon Jangkep

Lakon jangkep kuwe crita wayang sing kumplit, pepek njupek. ana suluke, ana gendhinge, ana antawecanane, lan lampahan liyane sing kudu dilakokna neng dhalange.

Lampahan utawa adegan sing ana nang wayang urut-urutane yakuwe:

1. jejer : jejer neng negara ngendi, biasane sing dinggo jejer pisanan kuwe negara Ngastina, Dwarawati, Amarta (neng crita bharatayudha). sing dirembug yakuwe apa sing bakal di goleti utawa intine lakon pisanan diomongna nang jejer kiye.
2. kedhatonan: sabubare jejer ratune negara mau bali mlebu maring kedhaton (umah pribadi) neng kono terus omong-omongan karo bojone prameswari, dikancani karo emban loro limbuk lan cangik. banjur ana adegan limbukan utawa hiburan.
3. paseban jawi : wong-wong sing bubar seba ngadhep ratune padha metu rembugan neng pendhapa njaba, ngrembug lungane lan sapa bae sing bakal lunga nindakna kewajibane, upamane golet wahyu cakraningrat.
4. jejer sabrangan: jejer neng negara sing dadi lawane negara neng jejer pisanan, ngrembug masalah sing padha karo masalahneng nomer 1.
5. prang gagal: prang gagal utawa perang gagal kuwe perange negara nang no 1 karo negara neng no 4. ning neng perang kiye ora ana sing menang utawa kalah, bisa diomongna seri. prajurite negara negara mau banjur padha mundur.
6. jejer pandhita: satriya sing mau padha bubar perang mlayu dhewek-dhewek banjur lunga mandhita utawa maring gone pertapan gurune dhewek.
7. gara-gara: adegan gara-gara kuwe adegane punakawan sing lagi padha ngrembug sing lagi dilakoni neng bendarane. biasane neng adegan gara-gara kiye diselingi penyuluhan utawa hiburan lan guyonan.
8. prang kembang: prang kembang kiye perang antarane negara neng no 1 lan negara sing neng no 4. perang kiye nembe ana kasile. sing menang mesthi bae sing bener, nek crita baratayudha ya sing menang bala pandhawa, nek crita ramayana sing menang balane rama.
9. tancep kayon: kayon kuwe gunungan, lakon wayang sing wis rampung dipentasna mesthi ditutup nganggo gunungan sing tanjebna maring debog neng tengah-tengah. sedurunge kayone ditancepna ana golek sing di ibingna, tegese supaya sing nonton kon goleti dhewek apa pesene.